Kurawa pancen julig, negara Astina dikukuhi. Diajak rembugan kanthi cara alus ora bisa, mula banjur dadi perang. Perang antarane Pandhawa lawan Kurawa diarani perang “Barata Yudha” jalaran sing perang padha dene dharah barata.
Kurawa dipandhegani dening Patih Sengkuni lan Pandhita
Durma. Agul-agule antara liya Dursasana, Kartamarma, Jayajatra, lan uga Adipati
Karno. Adipati Karno sajatine isih kadang tuwane Pandhawa, beda bapak nunggal
ibu. Nanging Adipati Karno wis antep arep nglabuhi negara sing wis muktekake,
ora mbelani kadange.
Ing perang “Barata Yudha” Pandhawa dipimpin dening Bathara
Kresna lan Ki Lurah Semar. Bathara Kresna sing ngatur lan ngangkat senapati
Pandhawa. Dene Ki Lurah Semar iku Penasihate Perang. Sanajan ing saben dinane
Semar iku mung pamomong, nanging ing perang “Barata Yudha” Semar ngglungguhi
jejere pinangka dewa, yaiku Dewa Ismaya.
Kurawa iku kondhang seneng tumindak nistha. Dene Pandhawa
iku kawentar seneng tumindak apik. Mula perang antarane Pandhawa lan Kurawa iku
padha karo perange kebecikan lumawan kanisthan utawa tindak durangkara. Wis
mesthi, tumindak ala bakal sirna dening kebecikan. Samono uga perang “Barata
Yudha” sing becik menang lan sing ala kalah. Pandhawa menang, Kurawa tumpes.
Satumpese Kurawa, Pandhawa banjur mbangun negara Astina sing
wis rusak bosah-baseh. Nalikane para Pandhawa wis padha tuwa, banjur padha
lunga mertapa golek katentraman batin. Karaton dipasrahake marang Raden
Parikesit, anake Janaka karo Dewi Bonawati. Ing sabanjure Raden Parikesit madeg
ratu ana negara Astina.
0 comments:
Posting Komentar